Sabtu, 12 Mei 2018

Lirik Ladrang Kagok Semarang - Lelagon Piye Janjine

LADRANG KAGOK SEMARANG 
LELAGON PIYE JANJINE 


*
Katon lembeyane merak kesimpir
Leledhang kledhang-kledhang lir angadhang
Nyamping parang asesondher cindhe
Angore rikma pinacak cemeng keladuk wilis

**
Ingkang sekar mlathi sangsangan rinonce
Nyata sang putri pasemon wingit kalangkung
Katon mamalatkung maweh nandhang wuyung
Sang Dyah Citrawati raja putri Magada

***
Siyang pantaraning dalu
Enget warnaning sang pekik
Prabu Sri Harjuna Sasra
Narendra Gung Maespati
Kadulu aneng sat nata
Gumantung tumtuning galih

****
Wus antara suwe anggonku ngenteni
Nawalamu janjine kepiye
Sliramu prasetya surasane ngraketke paseduluran

Biyen katon piye saiki sajake
Ora ngglape apa ta kersane
Ninggalake aku mung sewulan pindhane wus telung windu

Pangrasaku saikine wus antuk gantine
Ja ngono ja ngono eee mbok ya aja ngono

Eling dhek biyene prasetyane marang aku
Kok bisa-bisane sak kersane dhewe
Muga-muga dadi pepelingku

*****
Sigra-sigra nayaka
Angayahi karya pakaryaning praja
Gumregut sengkud cancut taliwanda
Manunggal sedya

Dhampyak dhampyak tinon asri
Swarane gumuruh samya rebut ngarsa
Ngestu pada dhawuhnya Sang Nata
Sajuru-juru ngayahi karya

1 komentar:

  1. Salut dengan pihak-pihak yang berkenan nguri-uri kabudayan Jawi. Semoga budaya asli kita selalu berjaya

    BalasHapus