Sabtu, 12 Mei 2018

Lirik Lagu Khas Wonogiri (CS Bajang Koplak)

WONOGIRI (CS BAJANG KOPLAK)
Cipt: Sigit Koplak/Bajang Koplak
Arr: Amin Koplak


Biyen pancen sega thiwul
Saiki rakyate makmur
Endah alas Gunung Gandul
Bentenge Gajah Mungkur

Khayangan ing Tirtomoyo
Girimanik Slogohimo
Sembukan lan Pantai Nampu
Kondhange papan wisata

Wonogiri sukses kuthane tentrem rakyate

Reff:
Eka Daya lan Wilaga
Kondhange sak nuswantara
Nadyan cilik kutha asri
Pesona Wonogiri

(kembali ke atas)

Reff 2:
Eka Daya lan Wilaga
Kondhange sak nuswantara
Nadyan cilik kutha asri
Pesona Wonogiri
Bajang Koplak Wonogiri

Eka Daya lan Wilaga
Kondhange sak nuswantara
Nadyan cilik kutha asri
Pesona Wonogiri
Bajang Koplak saka kutha Wonogiri
Bajang Koplak saka kutha Wonogiri


Youtube link => Click here

Lirik Ladrang Kagok Semarang - Lelagon Piye Janjine

LADRANG KAGOK SEMARANG 
LELAGON PIYE JANJINE 


*
Katon lembeyane merak kesimpir
Leledhang kledhang-kledhang lir angadhang
Nyamping parang asesondher cindhe
Angore rikma pinacak cemeng keladuk wilis

**
Ingkang sekar mlathi sangsangan rinonce
Nyata sang putri pasemon wingit kalangkung
Katon mamalatkung maweh nandhang wuyung
Sang Dyah Citrawati raja putri Magada

***
Siyang pantaraning dalu
Enget warnaning sang pekik
Prabu Sri Harjuna Sasra
Narendra Gung Maespati
Kadulu aneng sat nata
Gumantung tumtuning galih

****
Wus antara suwe anggonku ngenteni
Nawalamu janjine kepiye
Sliramu prasetya surasane ngraketke paseduluran

Biyen katon piye saiki sajake
Ora ngglape apa ta kersane
Ninggalake aku mung sewulan pindhane wus telung windu

Pangrasaku saikine wus antuk gantine
Ja ngono ja ngono eee mbok ya aja ngono

Eling dhek biyene prasetyane marang aku
Kok bisa-bisane sak kersane dhewe
Muga-muga dadi pepelingku

*****
Sigra-sigra nayaka
Angayahi karya pakaryaning praja
Gumregut sengkud cancut taliwanda
Manunggal sedya

Dhampyak dhampyak tinon asri
Swarane gumuruh samya rebut ngarsa
Ngestu pada dhawuhnya Sang Nata
Sajuru-juru ngayahi karya

Lirik Ladrang Ela-Ela Gandrung - Asmarandana Semarangan

LADRANG ELA-ELA GANDRUNG



Ela ela tansah gandrung gandrung
Apan rina wengi tansah gandrung gandrung
Dhasar kepara nyata
Gandrung gandrung gandrung
Dumadine kemakmuran

Ladrang ela ela gandrung
Gandrung marang kemakmuran

Rina pantaraning wengi
Tan kendhat kula meminta
Antuk nugraha Hyang Manon
Saindenging nuswantara
Kalis godha rencana
Ayem tentrem adil makmur
Sengkud ambangun negara

Ela ela gandrung
Ela ela gandrung
Gandrung marang kemakmuran

Lirik Lagu Mangunharjo - Broto Seno

MANGUNHARJO
Vocal: Broto Seno
Ciptaan: Menot Dewo



Nalikane dhek semana ana ing kene
Aku wis ngungkapke rasa tresnaku
Marang sliramu cah ayu
Kapan tekamu

Rasa iki ora bakal isa ilang
S'najan sliramu ra ana ing sandhingku
Ati iki ora bakal isa lali
S'najan sliramu adoh saka mripatku

*
Sedhela tekamu ngisi ati iki
Apa isih isa aku nyandhing sliramu

Reff:
Mangunharjo Jatipurno
Tak ungkapna rasa tresna
Tugu bintang Jatisrono
Seksine aku yen tresna
Bandara Adi Sumarmo
Kowe lunga nggantung tresna
S'najan sliramu wis lunga
Aku isih tetep tresna
(kembali ke *)

Tresnaku ngenteni nganti sak balimu
Muga wae isih isa wales tresnaku iki
Tresnaku iki

Youtube link => Click here

Lirik Lagu Wonogiri OK - Mandam Ndari

Wonogiri OK
Vocal: Mandam Ndari
Ciptaan: Ronie Wisanggeni


*
Awan-awan pengin nggawe rujak
Rujak gandes kondhang kaloka
Wonogiri tlatah Jawa asli
Ngutamakke kabudayan warisane

Plintheng Semar nyimpen sejarahe
Papan wisata siswa-siswane
Gajah Mungkur kuwi bendungane
Wonogiri sukses semboyane

Gethuk legendri nagasari
Wonogiri kondhang prestasi
Rame-rame kita lestarekke
Wonogiri sukses semboyane

Aku lak wis kandha
Wonogiri kondhang kaloka
Aku lak wis matur
Wonogiri kondhang pitutur
Semangat putra-putra siswane
Ngutamakne kabudayan warisane

**
Awan-awan pengin mangan rujak
Rujak gandes kondhang kaloka
Wonogiri tlatah Jawa asli
Ngutamakke kabudayan warisane

Plintheng Semar nyimpen sejarahe
Papan wisata siswa-siswane
Gajah Mungkur kuwi bendungane
Wonogiri sukses semboyane

Gethuk legendri nagasari
Wonogiri kondhang prestasi
Rame-rame kita lestarekke
Wonogiri sukses semboyane

Aku lak wis kandha
Wonogiri kondhang kaloka
Aku lak wis matur
Wonogiri kondhang pitutur
Semangat putra-putra siswane
Ngutamakne kabudayan warisane

Aku lak wis kandha
Wonogiri kondhang kaloka
Aku lak wis matur
Wonogiri kondhang pitutur
Semangat putra-putra siswane
Ngutamakne kabudayan warisane



Youtube link => Click here

Lirik Lagu Pakis Ninggal Kenangan - Regita Arum

PAKIS NINGGAL KENANGAN
Vocal: Regita Arum
Ciptaan: Diwan Pelangi



Wis suwe anggonku ngenteni
Mari lara jroning ati
Aku mung bisa pasrah marang kahananku
Sing ra bisa tak apusi

*
S'najan wis telung taun aku pisah
Karo sliramu sing dhek biyen nate gawe bungah
Nanging rasa iki, nanging batin iki
Jujur ora bisa tak apusi

Reff:
Aku isih ana ati
Senajan saiki ra bisa nduweni
Sliramu apa ra kelingan
Janjimu biyen neng Patung Sudirman

Dhuh wong bagus rungokna kangen iki
Tulung tambanana kangen iki
(kembali ke *)


Youtube link => Click here

Lirik Lagu Prasetya Girimanik - Bud'tos Santoso

PRASETYA GIRIMANIK
Vocal: Bud'tos Santoso 
Ciptaan: Bud'tos Santoso


Apa sliramu isih nyimpen rasa
Tresna kang suci tulusing ati
Kelingan nalika ngucap prasetya
Grojogan Tenjomoyo tansah hanyekseni

*
Wus ganti mangsa genep telung ketiga
Nggrentes ati iki yen eling sliramu
Tak tunggu balimu, tak anti kondurmu
Aku tansah setya ngregem janji iki

Reff:
Neng pinggir kali Tenjomoyo
Alas Girimanik ing tlatah saloring Slogohimo
Tak regem astamu Yayi
Tak rengkuh ragamu, tak geget lathimu
Nyawiji katresnanku lan sliramu
(kembali ke *)



Youtube link => Click here

Lirik Lagu Tega - Lina Hapsari

TEGA
Vocal: Lina Hapsari 
Ciptaan: Ronie Wisanggeni



Udan deres tandha adheming ati 
Panas moncar tandha kemrungsunge rasa 
Nanging mengkono iku dadi alesane
Nanging ati tansah mbudidaya 

*
Amung sliramu jane sing tak tresnani
Amung sliramu jane sing tak sayangi 
Nanging kenapa iku dadi jawabanmu 
Abote tresnaku ro sliramu 

Reff:
Aja merga udan gerimis
Sliramu gawe gela neng ati iki
Aja merga bandhang wingi 
Sliramu tega ninggalke katresnan 

Gela ati iki gela
Nyatane sliramu mblenjani janji
Getun ati iki getun
Nyatane sliramu mung ngobral janji
(kembali ke *)

Gela ati iki gela
Nyatane sliramu mblenjani janji
Getun ati iki getun
Nyatane sliramu mung ngobral janji



Youtube link => Click here

Lirik Lagu Tangan-Tangan Kecil - Lina Hapsari

TANGAN-TANGAN KECIL
Vocal: Lina Hapsari
Ciptaan: PAWONMAS


Menyatulah kita di sini
Di rumah besar ini
Tempat kita saling berbagi
Demi panggilan suci 

*
Bergerak peduli sesama
Dalam misi mulia
Berjanji rela untuk mengabdi 
Bakti bumi pertiwi 

Reff:
Tangan-tangan kecil bersatu 
Semangat ikhlas membantu
Tangan-tangan kecil merangkul 
Bersama beban terpikul
Tangan-tangan kecil bersama 
Wujud cinta yang nyata
(kembali ke *)

Tangan-tangan kecil bersatu 
Semangat ikhlas membantu
Tangan-tangan kecil merangkul 
Bersama beban terpikul
Tangan-tangan kecil bersama 
Wujud cinta yang nyata

Tangan-tangan kecil bersama
Wujud cinta yang nyata



Youtube link => Click here